Jumat, 23 Juli 2010

GEGURITAN

guritane m djoko yuwono:

'ja ngresula
[marang dhiajengku]

ana kidung angidung wengi
siyat-siyut andudut ati
oalah dhiajeng
apa ta kang kok dhedher
kanthi pangudarasamu
kang kumembeng waspa
wis ta
kae lho delengen
rembulan njlarit tansah nggemateni wengi
ngenteni rahina tanpa ngresula


urip

urip pancen mangkene
dhiajeng
ora mbiyen ora saiki
sepisan susah
sepisan semringah
tigumanti
kaya tumetesing banyu godhong kecipir
ing wayah rendheng
cles, cles, cles agawe ancles
kaya tumetesing embun
ing mangsa ketiga
cepluk, cepluk, cepluk
malah agawe sumuk
urip pancen mangkene
dhiajeng
ora mbiyen ora saiki

Tidak ada komentar:

Posting Komentar