Jumat, 23 Juli 2010

PARIBASAN - BEBASAN - SALOKA

1. Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane
2. Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang
3. Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
4. Abag-abang lambe = guneme mung lamis
5. Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
6. Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
7. Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
8. Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
9. Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman
10. Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake
11. Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
12. Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe
13. Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
14. Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
15. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
16. Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
17. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
18. Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
19. Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
20. Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih
21. Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane
22. Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
23. Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
24. Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
25. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
26. Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
27. Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
28. Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
29. Asu marani gebug = njarag bebaya
30. Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati
31. Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa)
32. Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
33. Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab
34. mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
35. mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger
36. mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah
37. mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
38. mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekase
39. mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu piala kang luwih saka ala
40. mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe ala
41. Bathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
42. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
43. mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
44. Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
45. Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dina
46. Bathang lelaku = wong lungan ijen liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
47. Bathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
48. Bubuk oleh leng = wong duwe niyat ala oleh dalan
49. Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)
50. Buntel kadut, ora kinang ora udut = wong nyambut gawe borongan, ora oleh opah dhuwit, mangan, lan udut
51. Busuk ketekuk, pinter keblinger = sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
52. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
53. Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake
54. Mburu uceng kelangan deleg = nguyak barang sepele kelangan barang sing aji
55. Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran, utawa wong ala rupane nanging manis bebudene
56. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
57. Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging sing siji luwih trengginas
58. Bima akutha wesi = wong gedhe kang kukuh panguwasane
59. Bramara mangun lingga = wong lanang gumagusan ing ngarepe wong wadon kang disiri
60. Brekithi angkara madu = wong kacilakan marga barang kang banget dikaremi
61. Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana prelune
62. Calak cangkol kendhali bol, cemethi tai = nyela-nyela gunem kang ora ana pedahe
63. Carang canthel = ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug
64. Car-cor kaya kurang janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
65. Cathok gawel = seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman
66. Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahanane
67. Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
68. Cebol nggayuh langit = wong duwe panjangka kang tanpa ana kawusanane
69. Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
70. Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala
71. Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening adhine
72. Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthine
73. Cobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindak asor
74. Cocak nguntal elo = wong tumandang gawe kang ora laras karo kaanane
75. Cumbu laler = wong kang teka lunga pamanggone
76. Ciri wanci lalai ginawa mati = pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati
77. Cincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh, karepe mung climen wekasan entek wragat akeh
78. Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)
79. Cuplak andheng-andheng, yen tan pernah panggonane = wong kang tansah sulaya karo rembuge wong akeh
80. Crah gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari kuwat.
81. Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu
82. Dahwen ati open = nacad nanging mbenerake wong liya
83. Digarokake dilukokake = dikongkon nyambut gawe abot
84. Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan = senajan wong liya yen nemoni rekasa bakal dibelani
85. Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga = wong kang nesu banget
86. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = bab ala dikandhakke becik, bab becik dikandhakkke ala
87. Derman golek momongan = wong wis akeh kewajibane isih golek gawean kang ngimbuhi ribed
88. Desa mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe tata car dhewe-dhewe
89. Dadia godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyawuk = wis emoh sapa aruh
90. Dhalang kerubuhan panggung = wong tanpa bisa kumecap marga nemu wiring
91. Dhandhang diunekake kuntul = wong ala dikira becik
92. Dhandhang ngelak = wong kang ngajab patining liyan
93. Dhadhap ketuwuhan cangkring = kumpulane wong becik kaworan wong ala atine
94. Dhayung oleh kedhung = wong tumandang gawe kanthi kepenak jalaran cocog lan saranane
95. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan = ana ngendi papan tansah slamet
96. Dibeciki mbalang tai = mbeciki wong liya oleh pinwales piala
97. Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk = banget ditresnani
98. Dolanan ula mandi = njarag tumindak gawe kang ngemu bebaya
99. Dudu berase ditempurake = nyambungi guneman, nanging ora cundhuk karo sing dirembug
100. Durung cundhuk, acandhak = ora ngerti perkarane melu urun gunem
101. Dhadhakan anglayoni = mementahi rembug sing wis mateng
102. Dudutan lan anculan = wong loro padha kethikan: sing siji ethok-ethok ora ngerti
103. Durung ilang pupuk lempuyange = dianggep isih kaya bocah cilik
104. Durung pecus keselak betus = durung sembada wis duwe kekarepan neka-neka
105. Duk sandhing geni = wong lanang jejer turu karo wong wadon dudu bojone
106. Diwenehi ati ngrogoh rempela = diwenehi sithik isih kurang panarima
107. Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot = arepa dikaya ngapa yen wis takdhire bisa kalakon
108. Dom sumuruping banyu = telik sandi (mata-mata), laku sesidheman kanggo meruhi wewadi
109. Eman-eman ora keduman = karepe eman malah awake dhewe ora keduman
110. Embuh nila embuh etom = wong kang nyaruwe alaning liyan, nanging dheweke ugamelu nglakoni
111. Embat-embat celarat = wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget
112. Emprit abuntut bedhug = wong kang nggedhekake perkara sing maune sepele
113. Enggon welut diedoli udhet = wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepiraa
114. Endhas gundhul dikepeti = wong sing wis kepenak uripe oleh kamukten
115. Esuk dhele, sore tempe = ora antep, atine molah-malih
116. Emban cindhe, emban siladan = tumindak ora adil
117. Entek amek, kurang golek = diuneni akeh-akeh
118. Entek jarake = wis entek kasugihane
119. Gajah alingan teki = wong gedhe sendhen prekarane wong cilik
120. Gajah marani wantilan = wong kang njarag nemoni bebaya
121. ngGajah elar = wong kang sarwa kasembadan kekarepane
122. Gajah ngidak rapah = wong gedhe (agung) nrajang wewalere dhewe
123. Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah = wong gedhe padha pasulayanwong cilik sing dadi korban
124. Galuga sinalusur sari = wong becik rupane, utama bebudene
125. Gambret singgang mrakatak ora ana sing ngeneni = wong wadon kenes ora ana wong lanang sing nakokake
126. Gagak nganggo laring merak = wong cilik tumindak kaya-kaya wong gedhe
127. Garang garing = wong semugih nanging sejatine kekurangan
128. Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput = samubarang kang dikarepake ora bis keturutan
129. Gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh = senajan alon-alon anggone tumindak nanging bisa kelakon
130. Golek banyu bening = meguru golek kawruh sing becik
131. Nggutuk lor kena kidul = ngarani/ndakwa sing ora bener
132. Nggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi
133. Gawe luwangan, ngurugi luwangan = utang kana, nyaur kene
134. nGGayuh tawang = tumandang gawe kang tanpa pituwas
135. Gecul ngumpul bandhol ngrompol = wong ala padha saiyeg tumindak ala
136. Gedhang apupus cindhe = wong duwe kamelikan kang ora salumrahe
137. Geguyon dadi tangisan = gegojegan, wasana gawe susah
138. Gemblung jinurung, edan kawarisa = tumindak nekad, nanging malah nemu kabegjan
139. Gendhon rukon = tumindak bebarengan amrih padha kepenake
140. Geni guntur nila bena = dhawuhing nagara kudu linakonan
141. nGgenteni watang putung = nglungsur kalungguhane wong kang wis mati
142. nGgepuk kemiri kopong = tumindak gawe kang tanpa kasil
143. nGgered ori saka pucuk = tumandang tanpa petung, wasana gawe rekasa awake dhewe
144. Giri lusi janma tan kena ingina = wong katone bodho jebul sugih kawruh
145. Golek-golek ketanggor wong luru-luru = arep tumindak ala, wasana kepergok wong kang uga tumindak ala
146. Gondhelan poncoting tapih = nggantungake urpe marang bojo
147. Gotong mayit = lungan mung wong telu ngliwati papan sing mbebayani
148. Greget-greget suruh = nggregetake ati nanging ngemu rasa seneng
149. ngGugat kayu aking = mrakarakake wong kang wis mati
150. Gumembrang ora adang = kelangan barang tanpa ana sing weruh
151. Gumendheng ora nggoreng = kelangan barang tanpa ana sing weruh
152. ngGutuk api lamur = mitenah wong liya kanthi ethok-ethok ora ngerti wong sing dipitenah
153. Gupak pulute ora melu mangan nangkane = melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake
154. Glugu ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kecampuran wong ala bebudene
155. Glundhung semprong = wong wadon omah-omah ora nggawa bandha mapan ing omahe sing lanang
156. Gong lumaku tinabuh = wong geleme omong mung yen ditakoni
157. Idu geni = sakuni-unine kelakon
158. Idu didilat maneh = njabel rembug sing wis kawetu
159. Iwak kecemplung wuwu = kena diapusi kanthi gampang
160. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani = yen ana ngarep nyontoni, ana tengah menehi greget (karep), ana mburi menehi daya
161. Jer basuki mawa beya = sakabehing gegayuhan mbutuhake wragad (pengorbanan)
162. nJabung alus = ngapusi kanthi tembung manis
163. nJaring langit = tumindak gawe kang tanpa asil
164. nJaring angin = tumindak gawe kang tanpa asil
165. Jinjang api goyang = ora nggugu kandhaning liyan nanging malah gawe kapitunan
166. Jalma tan kena kinira = manungsa iku ora kena diremehake
167. Jati ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kelebon wong ala
168. Njagakake endhoge si blorok = ngarep-arep barang sing durung mesthi
169. Njajah desa milangkori = wis tekan ngendi-endi
170. Jalma angkara mati murka = nemoni cilaka jalaran angkara murkane
171. Jamur tuwuh ing sela = wong kang uripe memelas
172. nJalukan ora wewehan = seneng njaluk ora gelem menehi
173. Jaran kerubuhan empyak = wong kang wis kanji (kapok, wedi) banget marga lelakon sing wis tau gawe wedi
174. Jarit luwas ing sampiran = wong duwe kepinteran nanging ora ana sing nganggo utawa ngangsu kapinterane, lawas-lawas wong iku tanpa guna
175. nJujul muwul = prakara kang nambah-nambahi rekasa, utawa wis sarwa akeh lan torah (kecukupan) isih oleh wuwuh (tambahan) maneh
176. nJunjung ngantebake = ngalembana nanging duwe niyat ngasorake
177. Kaduk wani kurang deduga = watak wong enom sing grusa-grusu kurang petung
178. Kalah cacak menang cacak = samubarang pagawean luwih becik dicoba dhisik bisa lan orane
179. Karna binandhung = kabar kang lumembar sarana gethok tular
180. Kebak sundukane = wis akeh anggone gawe piala
181. Kebak sundukane = kakehan dosa, akeh sing disulayani
182. Kebanjiran segara madu = nemu kabegjan kang gedhe banget
183. Kebat kliwat, gancang pincang = tumindak kang kesusu mesthi ora kebeneran
184. Kebo bule mati setra = wong pinter ning ora ana sing merlokake
185. Kebo ilang tombok kandhang = wis kelangan ngetokake wragat maneh kanggo nggoleki malah ora ketemu
186. Kebo lumumpat ing palang = wong gedhe nggagahi prakarane sadulur utawa kaluwargane dhewe
187. Kebo kabotan sungu = wong ngrekasa uripe marga kabotan butuh, kakehan anak
188. Kebo lumaku dipasangi = wong kang gelem tumandang gawe yen dituntun (diwarahi)
189. Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
190. Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asale
191. Kebo mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida ditandangi
192. Kecing-kecing diraupi = tumindak gawe kanthi wani njejaluk tanpa ngrasa isin
193. Keduwung nguntal wedhung = wis kebanjur tumindak, arep mundur wis lumaku, arep maju wis rekasa
194. Kepaten obor = kelangan aluran pasedulurane
195. Keri tan pinecut = gelem tumindak gawe tanpa diprentah
196. Kulak warta adol prungon = oleh kabar banjur ditularake marang liyan
197. Kumrisik tan kanginan = rumangsa tanpa disaruwe
198. Kuping budheg dikoroki = ora ngreti kathik dikandhani, wasana kepengin ngreti prekarane
199. Kakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata
200. Kaya banyu karo lenga = paseduluran kang ora bisa rukun
201. Kadang konang = wong kang diaku sedulur yen wonge sugih (duwe pangkat)
202. Kacang atinggal lanjaran = anak kang ora memper bebudene wong tuwane
203. Kacang mangsaa ninggal lanjaran = anak iku lumrahe bebudene memper wong tuwane
204. Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega = ora duwe papan (omah)
205. Katepang ngrangsang gunung = wong asor pengin nggayuh pangkat luhur
206. Katon cempaka sewakul = wong kang manjila dhewe, beda klawan pepadhane
207. Kajugrukan gunung menyan = oleh kabegjan gedhe banget
208. Kawuk ora weruh slira = wong cilik ambeke kaya wong gedhe
209. Kebanjiran segara madu = nemu kebegjan (rejeki) sing gedhe
210. Kegedhen empyak kurang cagak = wong kang duwe panjangka ning ora sembada
211. Kekudhung walulang macan = ngapusi nganggo jenenge wong kang diwedeni
212. Kelacak kepathak = ora bisa mungkir jalaran wis kebukti
213. Kemladhean ngajak sempal = wong mondhok gawe rusak sing dipondhoki
214. Kendhit miming kadang dewa = wong kang ora pasrah ing paeka
215. Keplok ora tombok = melu seneng ananging ora melu wragad, utawa wong kang senengane maido ning ora gelem melu cawe-cawe
216. Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ananging ora sembada
217. Kena iwake aja nganti butheg banyune = ngrampungi prakara kanthi ngati-ngati
218. Kejugrukan gunung madu = nemu kanugrahan
219. Kethek saranggon = grombolane wong ala
220. Kencana katon wingka = arepa becik disawang ora becik
221. Kendel ngringkel, dhadhag ora godhak = ngakune kendel tur pinter jebule jirih tur bodho
222. Kenes ora ethes = wong sing sugih nanging ora disenengi
223. Kriwikan dadi grojogan = prakara sepele dadi prakara gedhe
224. Kere munggah bale = wong asor diprecaya dadi panguwasa (wong pangkat)
225. Kere nemoni malem = wong miskin kinembong ing pangan
226. Kere menangi Mulud = wong miskin kinembong ing pangan
227. Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ning ora duwe wragad
228. Kerubuhan gunung = wong nemoni kesusahan sing gedhe banget
229. Kesandhung ing rata kebentus ing tawang = oleh cilaka sing ora dinyana-nyana
230. Ketula-tula ketali = wong kang tansah nandhang sengsara
231. Kethek saranggon = kumpulane wong kang tindake ala
232. Kinjeng tanpa soca = wong tandang gawe ora ngerti ancas tujuwane
233. Kaleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang = wong sing ora duwe panggonan utawa omah tetep
234. Klenthing wadhah masin = wong ala sanajan tumindak becik, tabet-tabete wong ala isih ketara (angel ninggalake pakulinane tumindak ala
235. Kodhok nguntal gajah = wong duwe trekah sing mokal kalakone
236. Kongsi jambul uwanen = nganti tumekan tuwa banget
237. Kriwikan dadi grojogan = prakara kang maune cilik dadi gedhe
238. Krokot ing galeng = wong kang mlarat banget
239. Kucing-kucing diraupi = wong duwe gawe kanthi nekad, sanajan direwangi wiring isin
240. Kudhi pacul singa landhepa =wong adu kapinteran, sing pinter sing bakal nemu kabegjan
241. Kudhung walulang macan = wong golek utangan nganggo sendhen asmane wong gedhe utawa wong kuwasa
242. Kumenthus ora becus = seneng umuk nanging ora mrantasi karya (sembada)
243. Kuntul diunekake dhandhang = wong becik dianggep wong ala
244. Kurung munggah lumbung = wong rena dipek bojo sing duwe omah
245. Kutuk nggendhong kemiri = wong kang nganggo kang sarwa aji (apik) liwat dalan kang mbebayani
246. Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk = wong kang njarag (marani) bebaya
247. Kuncung nganti tumekan gelung = suwe banget anggone ngenteni
248. Ladak kecangklak = wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe
249. Lahang karoban manis = wong kang rupane bagus-ayu tur luhur bebudene
250. Lanang kemangi = wong lanang kang jirih
251. Lawas-lawas kawongan godhong = wis lawas pangabdine, nanging ora banjur dibuwang, tanpa oleh pangkat
252. Lebak ilining banyu = wong asor kanggo tiban-tiban yen ana prakara
253. Ledhang-ledhang nemu pedhang = nemu kabegjan tanpa kanyana-nyana
254. Legan golek momongan = wong kang wis kepenak malah njarag golek gawean (rekasa)
255. Lambe satumang kari semerang = menehi pitutur nganti kesel, ora digubris
256. Lumpuh ngideri jagad = duwe gegayuhan sing mokal kelakon
257. Lungguh klasa gumelar = ora melu rekasa nanging nemu kepenak
258. Macan guguh = wong gedhe (kuwasa) wis ora kajen keringan
259. Madu balung tanpa isi = rebutan samubarang kang tanpa guna
260. Malang-malang tanggung = ngewuhake, arep ditinggal nggrundel, yen dilokake ora mrantasi gawe
261. Mancak wadhah tulupan = wis suwe nyambut gawe nanging tanpa duwe celengan
262. Mecel manuk miber = sarwa kasembadan, sabarang tindake mawa kasil
263. Mendhak alingan, wekasan katon = tumindak nylamur, nanging wekasan ngaku, jalaran konangan wong akeh
264. Maju tatu mundur ajur = prakara kang sarwa ndadekake pakewuh, utawa mbudi daya kepiye wae nanging ora kasil
265. Matang tuna numbak luput = tansah luput kabeh panggayuhane
266. Mbuwang tilas = ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala kang dilakoni
267. Meneng widara uleren = katone anteng nanging sejatine ala atine
268. Menthung koja kena sembagine = rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah kena apus
269. Merangi tatal = mentahi rembug kang wis mateng
270. Micakake wong melek = ora nganggep wong sing meruhi dhewe
271. Midak sikil, njawil mungkur = kethikan ora ngetarani
272. Midak tembelek ora penyek = ora duwe kekuwatan kanggo tandang gawe
273. Mirong kampuh jingga = mbalela marang nagara
274. Mrojol ing akerep = nyebal saka kalumrahaning wong akeh
275. Milih-milih tebu boleng = kakehan milih, wekasan oleh kang ora becik
276. Mikul dhuwur mendhem jero = bisa njunjung drajade wong tuwa
277. Mubra-mubru mblabar madu = wong kang sarwa kecukupan
278. Meneng kitiran = ora bisa anteng
279. Mbrojol saselaning garu = ora ana sing madhani kepinterane, utawa wong kang luput saka bebaya
280. Nabok nyilih tangan = tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
281. Naga mangsa tanpa cala = wong kang mrana-mrana ngrasani alaning liyan
282. Ngagar metu kawul = ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora mempan
283. Ngajari bebek nglangi = panggawean sing ora ana paedahe
284. Ngalasake Negara = wong sing ora manut pranatane Negara
285. Ngalem legining gula = ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter (sugih)
286. Ngaturake kidang lumayu = ngaturake barang kang wis ora ana
287. Nagara mawa tata, desa mawa cara = saben papan duwe adapt lan aturan dhewe-dhewe
288. Nampel puluk = mitenah kabegjane wong liya
289. Nandur wiji keli = ngopeni turune wong kasrakat
290. Nasabi dhengkul = nutup-nutupi kekurangane sadulur supaya oleh kauntungan
291. Natas tali gumantung = putusan kang ora ana kawusanane
292. Nebak wong mangan = gawe rugine wong kang oleh kamukten
293. Nemu kuwuk = wong njaluk tulung marang liyan ora nganggo mara ing omahe
294. Ninggal bocah ing waton = nyumelangake samubarang sing wis kelakon
295. Nitipake daging serep = titip anak wadon marang besan
296. Nucuk ngiberake = wis disuguh mulihe isih mbrekat suguhan
297. Nulung menthung = karepe aweh welas, nanging malah gawe rekasane
298. Nuntumake balung pisah = bebesanan karo sedulur kang wis adoh alurane
299. Nututi baling wis tiba = njabel wicara kang wis kawetu
300. Nututi kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung cetha lan durung mesthi olehe
301. Ngadu singating andaka = gawe dukaning panggedhe
302. Ngadhepi celeng boloten = cedhak-cedhak wong ala bebudene
303. Nglungguhi klasa gumelar = nindakake pegawean kang wis tumata
304. Ngotragake gunung = wong cilik-asor bisa ngalahake wong gedhe-luhur, nganti gawe kagete wong akeh
305. Nguthik-uthik macan dhedhe = njarag wong kang wis lilih nepsune
306. Nguyahi segara = weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase
307. Nyangoni kawula minggat = ndandani barang kang tansah rusak
308. Nguthik-uthik macan turu = gawe nesu (golek gaweyan)
309. Nyolong pethek = luput saka pangira
310. Ngobak banyu bening = gawe rerusuh ing papan kang tentrem
311. Nguyahi segara = nulung wong sing kecukupan
312. Nandur pari jero = gawe ngamal kabecikan
313. Nututi layangan pedhot = nggoleki barang sing angel ketemune
314. Ngaji mumpung = ngatogake kekarepan mumpung ana wektu becik
315. Ngalem legining gula = ngalem kepinterane wong winasis
316. Ngandel tali gedebog = mrecaya barang kang ora mitayani
317. Ngantuk nemu kethuk = enak-enak ora nyambut gawe nanging oleh kabegjan
318. Ngangsu banyu ing kranjang = golek ngelmu nanging ora pinter marga ngelmune
319. Ngaub ngawar-awar = golek pangayoman marang wongmiskin
320. Nguwod gedebog = wong nemu kacilakan merga panggawene wong liya
321. Nguyang lara nempur pati = njarag marang kacilakan
322. Nguyuh aling-alingan sada = ngumpetake kekurangane, nanging ora murwat lan sranane
323. Ngabuk wong meteng = milara wong kang tanpa daya
324. Ngemping lara nggenjah pati = njarag marang kasangsaran
325. Ngempukake watu item = nganggep remeh prakara abot
326. Ngemut legining gula = ngrumat baranging liyan, bareng ngreti yen ana gunane banjur dipek dhewe, ora diwenehake sing duwe
327. Ngenteni timbale watu item = ngarep-arep samubarang kang ora bakal teka
328. Ngetutake poncoting tapih = melu sapari lungane bojo
329. Nggepuk kemiri kopong = tumandang gawe kang tanpa pituwas
330. Nglancipi singating andaka = natang wong kang kawasa
331. Nglangi ing tengah mati ing pinggir = apa kang digarap tanpa karampungan
332. Nglumahake, ngurepake = bebesanan anak loro lanang wadon padha nggawa lan padha olehe
333. Ngarebake sikut = nenonton mung kanggo golek sukan-sukan
334. Ngrampek-ngrampek kethek = nyanak marang wong ala
335. Ngrangsang-ngrangsang tuna = samubrang kang ginayuh ora kena
336. Ngrusak pager ayu = ndhemeni bojoning liyan
337. Nrenggiling api mati = wong ethok-ethok ora ngrungu guneme liyan, nanging sabenere niling-nilingake
338. Numpal keli = wong lelungan mung nunut kancane
339. Nusup ngayam alas = wong lelungan kanthi mlebu metu padesan lan ngliwati omah-omahe wong akeh
340. Nyambung watang putung = ngruunake sedulur kang cecongkrahan
341. Nyawat mbalang wohe = duwe panpgangkah sarana pitulungane sedulur sing diangkah
342. Nyeret pring saka pucuk = pagawean gampang malah dingel-ngel
343. Nyundhang bathang bantheng = ngangkat priyayi turunane bangsa luhur kang wis ora duwe pangawasa
344. Nyunggi lumpang kentheng = rabi ayu turune wong luhur
345. Obor blarak = mung sawetara wae
346. Obah owah = barang dadi becik mbutuhake wragad
347. Obah mamah = yen gelem makarya, bakale akeh rejeki
348. Obah ngarep kobet mburi = wani rekasa dhisik, mbesuke bakal kepenak
349. Opor bebek, mentas dhewek = rampungae saka reka dayane dhewe
350. Ora ana banyu mili mandhuwur = watak iku tumurun marang anak
351. Ora ana kukus tanpa geni = ora ana akibta tanpa sebab
352. Ora gonja ora unus = wis rupane ala, bebudene uga ala
353. Ora jaman ora makam = ora genah asal kamulane
354. Ora mambu enthong irus = ora ana sambung rapete bab aluran paseduluran
355. Ora ngerti kenthang kimpule = ora weruh prakara sing dirembug
356. Ora polo ora uteg = bodho banget
357. Ora tembung ora lawung = njupuk barange liyan tanpa jawab
358. Ora weruh alip bengkonge = ora ngreti aksara
359. Othak-athik didudut angel = katone sarwa ganpang bareng ditemenani ora ana nyatane
360. Ora kingan ora udut = ora mangan apa-apa
361. Ora uwur ora sembur = ora gelem cawe-cawe (aweh pitulung)
362. Palang mangan tandur = wong kang diwenehi kapercayan njaga nanging malah ngrusak
363. Pandengan karo srengenge = memungsuhan karo panguwasane
364. Pandhitane antake = laire katon suci batine ala
365. Pecruk tunggu bara = wong kang dipasrahi tunggu barang kang dimelik (dadi kesenengane)
366. Pupur sadurunge benjut = becik jaga-jaga utawa tumindak ngati-ati
367. Pupur sawise benjut = ngati-ati sawise nemu bebaya
368. Pinter keblinger busuk ketekuk = sarwa cilaka, tansah kena paeka
369. Pitik trondhol diumbar ing padaringan = wong miskin dipracaya manggon ing papan kang mubra-mubru pangan
370. Pupur sawise benjut = tumindak ngati-ati bareng wis ketaman
371. Raga tanpa mule = rana-rene mung disawiyah, ora kajen
372. Rupak jagade = ora duwe papan pasrawungan
373. Rame ing gawe, sepi ing pamrih = gelem tandang gawe ora amarga golek opah
374. Ramban-ramban tanggung = wong ngira alaning liyan, nanging isih ragu-ragu
375. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung = sakehing pepalang bisa disingkirake
376. Rampek-rampek kethek = wong kang nyedhak-nyedhak wong ala, ora wurung oleh piala saka wong iku
377. Rebut balung tanpa isi = pasulayan marga barang kang sepele
378. Regem-regem kemarung = wong kang ngrangkani wong liya kang sok nglarani (gawe cilaka)
379. Renggang gula kumepyur pulut = wong kang raket banget anggone kekancan
380. Rindhik asu digitik = dikongkon nindakake pegawean kang ora cocog karo kekarepane
381. Rupa nggendhong rega = merga barange apik mula regane ya larang
382. Rukun agawa santosa, crah agawe bubrah = yen padha rukun mesthi padha santosa, yen padha congkrah mesthi bakal rusak
383. Rubuh-rubuh gedhang = wong kang ela-elu tumindake liyan (melu-melu)
384. Sing salah seleh = sing salah bakal nampa akibate
385. Sembur-sembur adas, siram-siram bayem = bisa kaleksanan marga pandongane wong akeh
386. Sadumuk bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh pati
387. Satru munggwing cangklakan = wong kang dadi mungsuh ing lingkungan sanak sedulur
388. Satu munggwing rimbagan = wong loro kang anggone kekancan padha cocoge
389. Suduk gunting tatu loro = nampa kesusahan (kasangsaran) bareng-bareng (ngiwa nengen)
390. Sabar sareh mesthi bakal pikoleh = tumindak samubrang aja kesusu
391. Sabaya pati sabaya mukti = kerukunan nganti tekaning pati
392. Sadumuk bathuk senyari bumi = pasulayan nganti dilabuhi tekan pati
393. Sandhing kirik gudhigen = wong kang srawung karo wong ala, ora wurung ketularan alane
394. Sandhing kebo gupak = wong kang cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala
395. Sanggar waringin = wong kang dadi pangayomane wong akeh
396. Sepi ing pamrih rame ing gawe = nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apa
397. Sluman-slumun slamet = sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slamet
398. Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh = wong kang geleme tumandang gawe yen diajak utawa dikancani wong sing wis pinter
399. Sadawa-dawane lurung isih dawa gurung = kabar iku mesthi sumebar adoh, lan adoh karo kanyatane
400. Sapikul sagendhongan = andum barang kanthi kukum kang murwat lan kaanane
401. Sendhen kayu aking = prakaran gondhelan wong kang wis mati
402. Singidan nemu macan = dhelikan marga tumindak ala nanging malah kawruhan panggedhene
403. Si gedheg lan si anthuk = wong loro kang wis padha kangsen tumindak ala bebarengan
404. Simbar tumrap sela = wong kang uripe ngrekasa, awit ora duwe sumber pangan sing gumathok
405. Tebu tuwuh socane = wong sing alus lan mans tembunge nanging ala aten-atenane
406. Tekek mati ulone = wong kang nemoni cilaka marga saka gunemane dhewe
407. Tembang rawat-rawat, bakul sinambewara = kabar kang durung mesthi salah lan benere
408. Tulung menthung = katone aweh pitulungan, nanging gawe susah
409. Tega larane ora tega patine = arepa kaya ngapa sedulur iku perlu dibelani
410. Tigan kaapit sela = wong kang ana ing sajroning bebaya, tansah was-sumelang atine
411. Timun jinara = prakara gampang banget
412. Timun wungkuk jaga imbuh = wong kang kanggo genep-genep (jaga-jaga yen kekurangan)
413. Timun mungsuh duren = wong ringkih mungsuh wong kuwat
414. Tuna satak bathi sanak = rugi petung (bandha) nanging tambah sedulur
415. Tunggal banyu – tunggal guru
416. Tinggal glanggang colong playu = ora wani tanggung jawab (keplayu ing peperangan)
417. Tumbak cucukan = wong kang seneng pradul (adu-adu) marang liyan
418. Tumbu oleh tutup = wong loro sing cocog aten-atenane
419. Tumper cinawedan, wedang lelaku = wong kang angger duwe bojo, bojone mati (wong kang diseriki kanca-kancane)
420. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati = turune wong cilik bisa dadi wong gedhe, turune wong gedhe ora bisa oleh kalungguhan dhuwur, utawa prakara ala ngambra-ambra dene prakara becik kari sethithik
421. Tunggak kalingan rone = tilas wong gedhe wis ora katon gedhene utawa luhur pangkate
422. Tunggak kemadhuh = wong kang maune dadi mungsuh
423. Tunjung tuwuh ing sela = wong kang maune dadi mungsuh
424. Thenguk-thenguk nemu kethuk = nyambutgawe sakpenake nanging meksa nemu kabegjan
425. Ucul saka kudangan = luput karo gegayuhane
426. Ula marani gitik (gebug) = wong kang njarag marang bebaya
427. Ulat madhep ati kareb = wis manteb banget kekarepane
428. Ungak-ungak pager arang = duwe melik marang bojoning liyan
429. Ulangan cumbon = angger lunga, ora suwe bali maneh
430. Uyah kecemplung segara = menehi barang sethithik marang wong sugih banget
431. Undhaking pawarta sudaning kiriman = kabar sing sumebar beda nyatane
432. Udan tangis = akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana
433. Uwod gedebog = wong kang ora kena diprecaya kanggo lantaran rembug
434. Wastra bedhah kayu pokah = wong nandhang tatu, babak kulite, putung balunge (wong ketula-tula uripe)
435. Watra lungset ing sampiran = wong pinter ora diguroni wong liya nganti tuwa
436. Wedi rai wani silit = wanine mung saka mburi, wedi yen adhep-adhepan
437. Wedhus diumbar ing pakacangan = wong mlarat dipercaya njaga barang pakaremane
438. Weruh ing grubyug, ora weruh ing rembug = melu-melu tumindak nanging ora ngerti kang dikarepake
439. Wiwit kuncung nganti gelung = nuduhake wektu sing suwe banget (saka bocah nganti tuwa)
440. Welsa tanpa alis = arep tetulung (melasi) wong liya nanging malah dadi bilaine
441. Waras-wiris = sehat
442. Wong wadon cowek gopel = drajating wong wadon kang ora pangaji
443. Wis kebak sundukane = wis akeh banget kaluputane
444. Yuwana mati lena = wong becik nemu cilaka jalaran ora ngati-ati
445. Yitna yuwana, lena kena = sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka
446. Yuyu rumpung mbarong ronge = wong kang nyantosani omahe, amarga wedi diganggu gawe wong liya kang ala pakartine
447. Yiyidan munggwing rampadan = biyene wong durjana saiki dadi wong alim
448. Yoga anyangga yogi = murid nirokake piwulange guru

Tidak ada komentar:

Posting Komentar